Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2026

Dolan neng prapatan mekkah

          Ning dino sabtu 3 januari 2026, aku, faroz, bima, kenzho sepakat arepe budal dolan neng prapatan mekkah seng lokasine enek neng jls tulunggagung jawa timur. jam 7 isuk aku wes siap siap arepe budal marani konco konco, tapi aku diomongi jarene salah sijine koncoku sek pijet. dadine aku ngenteni koncoku seng pijet, wes tak enteni suwi sampek jam 10 baru bocahe mari nek pijet. akhire aku budal marani koncoku, pas teko omahe kancaku aku ngenteno kancaku suwi mergone bocahe sek adus. mari ngono aku karo cah cah liyane akhire budal neng prapatan mekkah, aku sempet mandek isi bensin sek neng pom ngantru.                       Sakwise isi bensin neng pom ngantru aku karo konco konco lanjutne perjalanan, pas teko prapatan rs lama tulungagung dalane macet dadine aku ketahan macet nek kono. sak wis e kenek macet neng prapatan rs lama aku lanjutne perjalanan, teko perempatan jepun aku menggok kiri arah pl...